property='Kalimasadaku'/>

Selasa, 14 September 2010

Ben Do Remember

Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.

Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.

Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi

Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil

Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa

Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké

Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat

Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané

Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun

Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada

Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk -- Marani bebaya

Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh

Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya

Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka

Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan

Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu

Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi

Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa

Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat


Orang yang Cantik bisa memberi kritik, orang yang tampan bisa memberi saran

0 komentar:

Posting Komentar